Lintang panjer sing bakal cerito
Ananging opo biso padho disonggo
Ngancik tengahing wengi wulan ketigo
Hambabar rahayu ginowo sukmo rogo
Naliko nyawang sesawangan bengawan iki
Lumuntur roso kapang kang kepati-pati
Suoro-suoro nyolowadi pindho gebyur banaspati
Biso alok bebarengan ngguyu ngereh
Ijo royo-royo ono pinggir kono
Rembuyung ngebaki tlatah manungso
Hanglelowo ing tengahing pradongo
Tlatah deso ngancik wulan ketigo
Banjur opo kui..
Gumrujuk nemahi papan iki
Udan kok ora biso nelesi
Bengkahing Lungko sindhet eri
Lelakon opo iki..
Sopo sing marah-marahi
Kabeh podho girap-girap wedhi
Lelakon op iki…?
Bingung anggonku bakal lumaku
Cupet nalarku bakal tumandhang cipto
Saktemah nggayuh raharjo ing bathin
Datan nerak paugeran kang wis cinondro
Aku bingung..
Kepriye anggonku makani sapi
Lan aku bingung…
Kapan anggonku nandang leganing seni
Riyep-riyep suoro- suoro kuwi tansah nggoda
Marang jantraning rasa kapang
Marang kamulyan suci tumekaning ati
Nyawiji…
" Dua Lo Lo Wing Perform 081008 "
PRAHARA
Label: Wahid nDleming
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar